Drive yaiku grup musik saka Jakarta, Indonésia kang digawé nalika taun 2003. Anggota band iki yaiku Sukarno Suryo Bawono, Ilhamsyah Dyego Pratama, lan Saleh Budi Raharjo. Album kang sepisanan yaiku Esok Lebih Baik kang digawé nalika taun 2007 kanthi lagu andalan "Tak Terbalas" lan "Bersama Bintang" kang uga dadi soundtrack sinétron Candy.
Source: Wikipedia (https://jv.wikipedia.org/wiki/Drive)